Senin, 26 Mei 2014

Sêrat Makutha Rama


Ing pakêliran wontên lampahan carangan Wahyu Makutha Rama, ingkang methik saking Sêrat Makutha Rama. Wontên ing Sêrat Makutha Rama punika suraosing gati babagan kawruh Hastha Brata [ hastha= wolu, brata = laku utama, prasêya, abot]. 

Bagawan Kesawasiddhi [ Sri Kresna] punika nggêlar wulang Hastha Brata dhatêng dyan Harjuna nalika sowan ing pratapan Kutha Runggu.

Hastha brata anggambarakên kuwajibanipun ratu anggènipun ngêrèh prajanipun tuwin anjagi kawilujênganipun. Wontên ing padhalangan sampun têmtu kémawon mawi dipuntambahi adêgan warni-warni, prêlunipun kanggé nggigah raosipun para ingkang sami ningali.

Adêgan-adêgan ingkang wigatos ingkang lèrègipun dhatêng babagan panggulawênthah, panggulawênthahing batos ingkang tumuju dhatêng luhuring bêbudèn.Piwulang bab luhuring bêbudèn punika prêlu dipun-gêlar wontên ing pundi-pundi, amargi wêkdal samangké jagad sawêg pêtêng.

Manungsa sami ical kamanungsanipun lajêng kadunungan watak kéwan. Rêtuning bawana ing wêkdal sapunika jalaran saking manungsa ingkang sampun kasupèn dhatêng ajinipun piyambak.

Pratélan wulangipun Prabu Rama dhatêng Wibisana wontên Wolung prakawis, ingkang dipunwastani Hastha Brata. Wosipun wêlingipun Prabu Ramawijaya dhatêng Wibisana ing bénjang manawi jumênêng ratu sagêda anglênggahi watak ingkang wolung prakawis. Jèrènganipun kados ing ngandhap punika.

1. Ratu punika kêdah gadhah watak kados wataking Bathara Endra. Inggih punika ngudanakên wêwangi, botên pilih kasih. Têtêmbungan makatên wau kajêngipun para ratu botên kénging ambédak-bédakakên tiyang satunggal lan satunggalipun. Kajawi punika ratu wajib anjagi supados tansah arum asmanipun.

2. Kêdah anggadhahi watak kadosdéné watakipun Bathara Yama. Têgêsipun ratu punika kawênangakên midana utawi matrapi paukuman dhatêng sadaya ingkang lêpat. Ananging anggènipun ngêcakakên pidana wau kêdah anglênggahi kaadilan tanpa pilih. Ing paribasan cara Jawi katêmbungakên ora baukapiné. Utawi ora êmban cindhé êmban siladan. Têntrêming praja punika manawi ingkang ngasta pusaraning praja sagêd anglênggahi adil. Salah satunggaling srana sagêd anglênggahi kaadilan wau kêdah gadhah kawicaksanan.

3. Kêdah gadhah watakipun Bathara Surya. Inggih punika ambêg paramarta, sagêd angrêsêpi dhatêng sadaya tiyang. Saking pamanggih kula wontên ing ngriki lênggahing dhemocratie, nanging geestelijke democratie, amargi manungsa punika manawi sagêd angrêsêpi tiyang sanès têmtu badhé nuwuhakên supêkêtipun kawontênan.

4. Kêdah gadhah watak kadosdéné wataking Bathara Candra, inggih punika watak angapura. Milanipun sadaya ratu punika kagungan wêwênang maringi pangapuntên dhatêng tiyang ingkang nandhang lêpat. Cara jaman samangké dipun têmbungakên grasi. Anggènipun maringi pangapuntên wau mêdal saking raos ingkang luhur. Kadosdéné pratelanipun Mahatma Gandhi wontên ing sêratipun ingkang nama De Ethische Religie.

5. Kêdah gadhah watak kadosdéné watakipun Bathara Bayu. Têgêsipun ratu punika kêdah nyumêrêpi sadaya kawontênaning praja lan kawulanipun. Punika manawi kalaras kalihan jaman samangké sampun cocog. Amargi para ratu ing jaman samangké punika kêdah nyumêrêpi dhatêng sadaya kawontênan supados anggènipun anata prajanipun sagêd pratitis. Mila para ratu punika têmtu kagungan nayaka ingkang kajibah ngaturi pirsa thêk kliwêring nagari, lan ingkang dipun pundhuti timbangan manawi badhe ngawontênakên tatanan ing prajanipun.

6. Kêdah gadhah watak kadosdéné watakipun Bathara Kuwéra. Inggih punika sagêd damêl sakécaning manahipun sintên kemawon. Dados inggih para kawula, para narapraja tuwin para pitêpanganipun.

7. Kêdah gadhah watak kadosdéné watakipun Bathara Baruna. Inggih punika kagungan saliring kagunan (mila wontên têtêmbungan sêkti mandraguna) lan sagêd nandukakên kagunan wau kanggé damêl tata têntrêm, tuwin karaharjaning prajanipun.

8. Kêdah gadhah watak kadosdéné wataking Bathara Rama. Têgêsipun ngupa boga. Kajêngipun wulangan punika para ratu anjagia supados para kawulanipun sagêd ngupa boga pados rêjêki kanggé cagak gêsangipun tuwin tata têntrêming prajanipun.

Ing basa Jawi wontên têtêmbungan ingkang mratélakakên bilih para sudagar punika minangka dados busananing praja. Déné para tani dados bujaning praja.

Manawi kagathukakên kalihan kawontênanipun jaman samangké kuwajibanipun para nata inggih punika ingkang ngasta pusaraning praja kêdah tansah mindêng dhatêng kawontênaning para kawula sagêdipun sami gadhah pakaryan kanggé gêsangipun.Sampun ngantos wontên para kawula ingkang sami botên gadhah padamêlan awit punika ingkang badhé ndadosakên ruwêting kawontênaning praja.

Hastha Brata punika manawi dipunmanah ingkang lêbêt mila pancèn isi Idealisme ingkang jêmbar têbanipun. Dados sanajan kanggé ing jaman samangké Hastha Brata punika taksih agêng paédahipun tumrap para tiyang ingkang olah praja utawi lêlumban wontên ing kalangan politik.

Amargi lajêng sumêrêp punapa ingkang kêdah dipuntindakakên murih sagêd urun kanggé raharjaning utawi kamulyaning pêbrayan.

Sampun mêsthi kémawon jèrènganipun kénging dipunpanjangakên, kawruh ingkang sami kaimpun saking kilènan sagêd kanggé bumbonipun Hastha Brata, wulangipun Sêrat Makutha Rama.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar