1. Sèkh Maulana Ishaq
Nalika ing jamané Sri Maharaja Brawijaya kang ngratoni Krajan Majalengka , ana ngulama saka Nagara Jedah asesilih Sèh Maulana Ishaq utawa Sèh Wali Lanang, jumujug ana ing Ngampèldhenta, saprelu nemoni Sunan Ngampèl. Sèh Maulana Ishaq cumondhok ana Ngampèlgadhing, sawuse cukup kapreluwane marang Sunan Ampel, banjur nerusaké laku arahé ngidul –ngétan anjog menyang Blambangan, lèrèn ana ing Désa Purwasata.
Adipati Blambangan Menak Sembuyun, peputra amung siji sesilih Dyah Ayu Sekardadhu, nalika samana sang putri kang sulistya ing warna, lagi mapak birahi, nandhang lelara sing nguwatiri, madal sakèhing tamba, kang andadèkaké sungkawané Sang Adipati.
Nuju ana ing paséwakan rakyan Patih Samboja monjuk atur, yèn ana wong waskitha sawenèhing ulama saka Jedah sing lagi ngajawa, peparab Sèkh Walilanang, kang dhedhépok ana ing dhusun Purwasata, manut ujaring akèh yèn Sèkh Wali Lanang mau bisa ngusadani memalané sang Putri. Sang Adipati bareng mireng aturé Ki Patih Samboja, luwih katrima, mula banjur utusan supaya methuk Sèkh Wali Lanang, ingaturan ngusadani putriné Kanjeng Adipati, sawusé teka ana ing kraton Sang Adipati gupuh anggoné nemoni tamuné. Awit saka pamrayogané Patih Samboja Sang Adipati Blambangan banjur njaluk tulung marang Sèkh Wali Lanang, supaya putriné bisa waluya jati.
Kala samana Sèkh Wali Lanang kang sumaguh ing janji sigra ngayahi jejibahan ngusadani sing dadi panandhangé Sang Putri Kedhaton. Wusana saka sihing gusti Sang Putri bisa waluya jati, saka gumbiraning Sang Adipati klawan garwa banjur ananting Sèkh Wali Lanang arsa pinundhut mantu, Sang Maulana mung rumanti ing pakarti.
Ora dicaritakaké anggoné amangun pebrayan, ananging atut runtut pindha mimi lan mintuna. Suwé anggoné cumondhok ana ing Kadipatèn Blambangan, Sèkh Wali Lanang matur marang Adipati Blambangan kinèn ngrasuk agama Islam, nanging Sang Adipati panggah ora gelem, satemah Sèkh Wali Lanang cuwa atiné uga isin marang maratuwa.
Ana sawenèhing ratri Sèkh Wali Lanang linggar saka kadipatèn banjur ninggalaké Blambangan, lunga menyang Malaka , garwané sing lagi nggarbini tinilar, lan andadèkaké sang putri nandhang roga. Sapungkuré Sèkh Wali Lanang banjur ana pagebluk kang anekani ing tlatah Blambangan, akèh kawula kang ketaman pagebluk satemah akèh pepati.
Sang Adipati Blambangan muntab kanepsoné jalaran anané pagebluk dinuwa saka trekahé Sèkh Wali Lanang, banjur Patih Samboja kèmbèt prakarané Sèkh Wali Lanang lan nampa bendu saka Sang Prabu, Ki Patih Samboja dilorod kalungguhané kapapanaké ana drajad kang luwih asor.
Ki Samboja rumangsa wirang banjur linggar saka Blambangan lan suwita marang Sang prabu Brawijaya ana ing Majapahit. Déning Prabu Brawijaya kang nguningani lelakoné Ki Samboja, banjur dipapanaké ana ing Giri , nanging kabèh mau ora suwé, awit Ki Samboja banjur tilar donya lan uga disarèkaké ana ing Giri.
Kabèh bandha tinggalané Ki Samboja lestari direngkuh Nyai Samboja, lan banjur kaceluk Nyai Randha Sugih , ngluwihi sugihé para sudagar.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar