2. Sunan Giri
Kang ana ing Kadipatèn Blambangan, garwané Sèkh Wali Lanang wus nggarbini wus ngancik nawa sasi dasa ari, wasana jabang bayi mijil jalu, pekik ing warna. Saka karsané Sang Adipati Blambangan jabang bayi kalebokaké ana kedhaga banjur dilabuh ana segara. Tan winuwus pira lawasé kendhaga kumampul-kampul ana samudra. Kendhaga tinemokaké déning sudagar kang lagi lelayaran dagang, banjur diwènèhaké Nyai Randha Sugih, warandha sing ora duwé anak. Bayi jroning kandhaga mau banjur dipupu déning Nyai Samboja diwènèhi tenger Jaka Samodra .
Nalika wus ngancik umur 12 tahun, Jaka Samodra dingèngèraké ngudi kawruh babagan agama Islam, nyantri marang Sunan Ngampèlgadhing, ing Surapringga . Gancaring carita, Jaka Samodra banjur digurokaké marang Kanjeng Sunan Ngampèl, rèhning klebu bocah kang lantip ing graita, Jaka Samodra nuhoni marang sakabèhing piwulangé Sunan Ngampèl. Ana ing kono Jaka Samodra kakadangan karo putrané Sunan Ngampèl aran Santri Bonang. Bareng wus diwasa Jaka Samodra banjur salin aran Santri Giri.
Nuju sawijining dina Santri Giri lan Santri Bonang duwé sedya ngupaya ngèlmu ing karep duwé panjang ngundhakaké kawruhé ing bagagan Saringaté kanjeng Rasul, Kur’an hadis lan uga kawruh kasampurnan menyang Mekah. Santri loro mau banjur ninggalaké Ngampèlgadhing tujumu maring Mekah kanthi numpak prau, lakuné prau mangulon urut pesisir, lakuné santri loro mau ora dicaritakaké pirang dina lawasé, nanging banjur labuh jangkar ana ing Malaka . Ketemu karo Sèkh Wali Lanang, lan santri kekaroné banjur maguru marang Sèkh Wali Sidik, bareng wus ngancik sataun anggoné maguru marang Sèkh Wali Lanang. Santri Giri lan Santri Bonang arsa nutugaké laku menyang Mekah, ananging déning Sèkh Wali Lanang ora sarujuk ing rembug.
Santri kekaroné ditundhung bali ngajawa lan madhépok ana ing Ngampèlgadhing kaparingan ‘jungkat lan jubah gamis’. Santri Giri salin aran Prabu Setmata déné Santri Bonang kaparingan tenger Sang Prabu Anyakrakusuma. Santri loro banjur budhal ngajawa, mulih maring Ngampèlgadhing, sowan Sunan Ngampèl lan ingaturaké lelakoné jroning sawarsa ana ing Malaka meguru Sèkh Wali Lanang.
Sunan Ngampèl rumangsa mongkoh ing panggalih jalaran Sèkh Wali Lanang Mlaka iku isih mitra nunggal kawruh, ing babagan kawruh lair lan batin. santri Giri sawusé nampa wejangan saka Sunan Ngampèlgadhing kinèn ngadegaké padhépokan ana Giri. Uga piwelingé Sunan Ngampèl marang santri Giri, kalamun Sunan Ngampèlgadhing wus murud ing kasidan njaluk disarèkaké jèjèr karo pasaréyané Ki Samboja, kajaba saka iku uga diwenangaké jujuluk Prabu Setmata. Sanajan kanthi jejuluk Prabu Setmata nanging ora mbawahi nagara lan kawula, iku mung jeneng abiséka ana ing Padhépokan Giri. Ing tembé Sunan Giri kang ambawani jumeneng wali linuhung, sinuhun sak tanah jawa, kabèh padha wedi asih marang kalokèngrat sinebut raja pandhita.
Sunan Giri rumangsa mongkog, banjur manembah pamit, kanthi angraup padané Sunan Ngampèlgadhing, lèngsèr saking padhépokan banjur budhal menyang Giri tanpa kanthi.
Kocapa kang ana wisma Giri, Nyai Randha Sugih iya Nyai Samboja, nandhang lelara wis suwé lan sansaya nemen, para juragan sing ana Giri padha ngrubung.
Sunan Giri nalika mlebu ngomah kagèt jalaran akèh para mitra sudagar kang padha ngrubung ibuné, banjur nyedhaki kanthi tumungkul ana ngarepané Nyai Randha Sugih iya Nyai Pinapatih iya Nyai Samboja.
Nyai Samboja kagèt dupi uninga Santri Giri kang prapta tumuli angrangkul keng putra kinuswa-kuswa waspa deres dalèwèran, sambaté memelas sih, akèh-akèh aturé nyai Sugih marang Santri Giri, saka déné sih katresnané ibu marang putr kang wus kapang, jalaran sasuwéné Jaka Samodra meguru ana ing Ngampeldhenta ora awèh warta marang nyai Samboja, kongsi dadi walangati, temahan nandhang roga.
Nyai pinapatih karo tawang tangis isih nyekeli pundhakké Sunan Giri. Nyai Samboja euis tanggap ing sasmita yèn Jaka Samodra antuk nugrahaning Hyang Akarya Jagad, katon sumunar guwayané mancur mencorong nelahi. èsmuning driya nyai Samboja wus ora kakilapan manèh yèn putrané bakal ngenggoni drajad kang linuhung.
Sunan Giri ngaturaké lelakoné wiwit ana pesantrèn Ngampèlgadhing tumeka ketemu Sèkh Wali Lanang ing Malaka, banjur kinèn ngajawa, lan uga olèh palilahé Kanjeng Sunan Ngampèlgadhing, kinèn dhedhépok ana Giri lan ngadegaké pesantrèn Giri.
Nyai Samboja rumangsa seneng lan mongkog, banjur kinèn nyampurnakaké anggoné arsa ngrasuk agama rasul. Sunan Giri banjur mejangaké kalimah sahadat loro, Nyai Samboja ngucapaké sahadat nirokaké talkiné Sunan Giri. Kanthi lega lila kang ibu padhang anggoné nampa,banjur wasiyat marang Sunan Giri kabèh bandhané supaya kanggo prabéya ngadegaké pasantrèn, déné turahané supaya di wènèhaké marang para pekir miskin lan bocah-bocah lola sing wis ora duwé wong tuwa sing mbésuk bakal dadi batihé. Welingé sing pungkasan supaya dikajèkaké ana ing Mekkah.
Sawusé ninggal wasiyat marang Sunan Giri, Nyai Samboja banjur murud kasidan jati. Layon sawusé karukti, banjur kinubur jèjèr karo Kyai Samboja. Wong-wong kang ana ing Giri pada manjing iman lan nindakaké saréngaté Rasul, padha ngibadah andarus kur’an akèh kang padha yasa masjid, gemah ripah tata raharja, ora ana wong tindak juti, kabèh padha nyandhang wutuh, mangan wareg, adoh kang dadi miskin tentrem ciptané, akèh wong saka manca désa lan kutha padha cumondhok ana Giri.
Sang raja pinandhita Sunan Giri iya Prabu Setmata. Gajah kedhaton minulya kawenthar tekan manca nagari. Sunan Giri banjur pinundhut mantu déning Sunan Ngampèlgading kadhaupaké karo putriné Nyi Ageng Ratu. Wus atut runtut anggoné mangun baléwisma, lestari apuputra wolu cacahé jalu lan wèstri. Nyai ageng ratu garwané Sunan Giri kondur kasidan jati ndhisiki, layon wus karukti banjur kapetak nunggal karo maratuwa Kyai Samboja apadéné Nyai Samboja.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar